• Wacaen dongéng ning sor iki!
Dongéng Asal-usul Dermayu
Ning kono sebeneré lemahé katon subur-makmur. Dadi, mulai teka wong-wong. Lemah digarap kanggo nandur pirang-pirang tetanduran. Bener baé, asil tetanduran lumayan. Nyi Mas Éndang Dharma Ayu teka ning alas mau, dibaturi pembantuné loro, yaiku Ki Tana lan Ki Tani. Éndang Dharma Ayu iku wongé ayu, kulité putih-ngicis, uga duwéélmu ngolah sawah lan nenanduran. Pari cukul subur, palawija asilé bagus, woh-wohan uga bagus. Wong-wong pada genau ilmu tani ning Éndang Dharma Ayu. Seneng pisan Éndang Dharma Ayu nguruki wong-wong mau. Uga, nguruki genau pencak silat. Warga alas Cimanuk katon kompak lan guyub. Jagat krasa tentrem-ayem, asil tani katon tambah akéh.
Rupané, ana sing curiga ning Éndang Dharma Ayu. Serombongan wong sing Palémbang teka. Dipimpin Pangéran Guru lan padblikur anggotané, nantang Éndang Dharma Ayu. Rupané perang tanding beli bisa diinggati. Ning perang iku, Pangéran Guru lan anggotané mati kabéh.
Anané keributan iku gawé penasaran penguasa alas Cimanuk, yaiku Wiralodra lan kepapat adiné. Éndang Dharma Ayu dianggep salah, sebabé gawé keributan. Perang tanding mulai maning. Adi-adiné Wiralodra beli bisa ngalahaken Éndang Dharma Ayu, ahiré Wiralodra maju déwék.
Tarungé Éndang Dharma Ayu karo Wiralodra rupané pada saktiné. Langka sing kalah, langka sing menang. Tapi, keloro-loroné uga duwé rasa tresna ning ati. Sampé ahiré, Éndang Dharma Ayu beli kuwat nglanjutaken perang tanding. Déwéké milih njebur ning Bengawan Cimanuk.
x
Wiralodra krungu ana suwara langka rupa. Suwarané jelas suwara Éndang Dharma Ayu, yén déwéké njaluk supaya alas Cimanuk iki digawé aran karo aran déwéké. Wiralodra langsung setuju. Awit kuwen, aran alas pinggir Bengawan Cimanuk diganti dadi Dharma Ayu. Suwé-suwé aran Dharma Ayu disebuté Dharmayu, terus dadi Dermayu.
Kangge belajar teng griya MONGGO DIUNDUH
• Jawaben pitakonan ning sor iki!
1. Ning pinggiran apa anané dongeng asal-usul aran Dermayu?
2. Sapa aran pembantu loro sing mbantu Nyi Éndang Dharma Ayu?
3. Ilmu apa sing diajaraken Nyi Éndang Dharma Ayu ning warga?
4. Sapa sing nantang Nyi Éndang Dharma Ayu, karo padblikur anggotané?
5. Asal-usul aran Dermayu iku sing arané sapa?
-------------------------------------------------------



orang dermayu yak....apik pak blog ke
BalasHapusTerima kasih bu, masih perlu banyak belajar lagi...
Hapus