Senin, 30 Januari 2017

WULANGAN 7 BASA DERMAYU (bag.1)

KEGIATAN 1

Teng kegiatan 1 niki, mangga kerja aken tugas kang sampun di susun sareng kelompoke.

Kangge ngawiti pembelajaran saniki, bapa bade taken "Sinten kang weruh asal usul daerah kelahirane ??", mangga dicrita aken mareng kelompoke.


Crita 41 Ketek teng Buyut Banjar Bulak - Indramayu

Kaping kalie, "Sinten kang saged dongeng / crita genah ning sekitar umah ??". Kangge contoe bapa cuplik aken crita sing buku pegangan. 


Wacaen sing tliti!
Lemah Tamba

     Radén Walangsungsang iku putra Prabu Siliwangi lan Ratu Subang Larang, bli ngomong maning lunga ninggalaken Keraton Pejajaran. Tujuané luruh élmu uga péngén blajar syariat Islam. Sebeneré Prabu Siliwangi nglarang Radén Walangsungsang, tapi wis janji nyanggupi amanat ibuné sedurungé ninggal. Kraton Pejajaran gégér sebab Radén Walangsungsang lunga tanpa pepoyan.

     Lungané Radén Walangsungsang mangétan marani Gunung Merapi. Ning kono Radén Walangsungsang maguru ning Sang Danuwarsih. Radén Walangsungsang dipai ali-ali Ampal, sing akéh khasiyaté. Seterusé Radén Walangsungsang dinikahaken bari putriné Sang Danuwarsih sing ayu, arané Nyai Mas Ratu Endang Geulis. Kraton pejajaran gégér maning, sebab Nyai Mas Rarasantang adiné Radén Walangsungsang mélu lunga sing kraton, uga bli pepoyan.

     Lungané Nyai Mas Rarasantang tujuané nggulati kakangé. Sewisé adoh lelampahan rada kangélan lan suker. Nyai Mas Rarasantang ketemu kakang bari éstri kakangé ning padépokan sing ana ning léréng Gunung Merapi. Nyai mas Ratu Rarasantang bungah ketemu kakangé, rasa kangen lan énak blenake dicritakaken kabéh, sampé ketemu bari Nyai Endang ning Gunung Tangkuban Prau sing ngupai seperangkat klambi Sang Dewa Mulya, lan teka ning Gunung Liwung ketemu Ki Ajar Sakti, sing ngupai pituduh supaya nuju ning léréng Gunung Ciremai.

     Rada suwé Radén Walangsungsang kelawan éstri uga adiné ana ning lereng Gunung Merapi. Wong telu njaluk pamit ning Sang Danuwarsih kanggo nerusaken lelana bratané. Sang Wiku Danuwarsih ngidini lan dikongkon nuju ning Gunung Ciangkup. Ning kono, Radén Walangsungsang ketemu bari Sang Hyang Nanggo sing ngupai pusaka “Golok Cabang”. Radén Walangsungsang nerusaken lampahané ning Gunung Kumbang. Ning kono ketemu bari Sang Hyang Naga sing ngupai telung iji pusaka, yaiku:
1. Péci Waring, khasiyaté baka dienggo beli katon,
2. Batok Bolu, bisa kanggo ngatur makhluk alus,
3. Umbul Waring, supaya slamet sing fitnah musuh.

     Sang Hyang Naga ngupai pituduh supaya Radén Walangsungsang lunga ning Gunung Cangak nemoni Ratu Bango. Ratu Bango ngupai Pusaka Piring Panjang, pendil lan barang sejéné, uga naséhati baka pengen geguru ilmu sejati utawa syariat Islam, dikongkon ngadep Syéh Datul Kahfi utawa Syéh Nurjati ning peguron Gunung Jati.

     Radén Walangsungsang marani ning Peguron Gunung Jati. Ngrasa kesel lan perlu ngaso, sebab dalan sing diambah cukup adoh, pada lérén ning sor wiwitan gedé. Ning kono kelingan pesen lan nasihaté Sang Ibu. Pesené baka Nyai Mas Ratu Subang Larang kesel utawa ngalami lara, cukilen lemah bari Kujang Pusaka, baluraken ning awak sing ngrasa lara utawa pegel, Insya Allah rasa pegel lan lara bakal ilang, lan arep mancur banyu sing dicukil.

     Panggonané metuné banyu iku dadi sumur, sing sekiyen diarani “Sumur Karomat”. Wewengkon kuwén disebut “Pademangan Cikujang” Aran Cikujang dijukut sing tembung Ci bari Kujang, sing nduwéni arti ci sing tembung “cai” basa Sunda artiné banyu, Kujang yaiku pusaka utawa gaman sing dienggo Radén Walangsungsang. Pademangan Cikujang seterusé diganti arané dadi “Lemah Tamba”.

Lemah pada bari tanah, tamba pada bari obat. Dadi Lemah Tamba nduwéni arti lemah sing bisa kanggo nambani, sampé sekiyen.

Crita Rakyat Asal Usul Désa ning Kabupatén Cirebon.  



Mangga di diskusi aken, 
Kangge belajar teng griya   MONGGO DIUNDUH

 Upami sampun mangga dengeaken crita niki ..




Upami tugase sampun, mangga dilajeng kegiatan selajenge....      KEGIATAN 2






Tidak ada komentar:

Posting Komentar