Selasa, 11 April 2017

Study Tour SDN Unggulan Indramayu 2017 (Tim Lutfi)

- Taman Matahari
- Taman Safari






Study Tour SDN Unggulan Indramayu 2017 (Tim Bambang)

-  http://gg.gg/4hlfc
- Taman Matahari
- Taman Safari







Senin, 10 April 2017

Study Tour SDN Unggulan Indramayu 2017 (Tim Erah)

-  http://gg.gg/4hlgo
- Taman Matahari
- Taman Safari





Draf Nama Mentor Indramayu utk Penyegaran 2017

Daftar mentor wilayah Jawa Barat yang akan mengikuti penyegaran di fasilitasi oleh P4TK IPA.


Untuk melihat dan download, Klik disini .....

Minggu, 19 Maret 2017

Honorer dapat SK dari Pemda

Permendikbud Nomor 8 tahun 2017, Guru Honorer Sekolah Negeri Wajib Dapat SK Pemda, ini Penjelasannya


     Berdasarkan Peraturan Menteri Pendidikan dan Kebudayaan (Permendikbud) Nomor 8 Tahun 2017 Tanggal 1 Maret guru honorer besar kemungkinan akan mendapat SK dari Pemerintah Daerah.
Dengan adanya SK Pemerintah Daerah, maka bagi guru yang belum memiliki NUPTK akan berkesempatan untuk mengajukan NUPTK. Dan bagi guru yang sudah memiliki NUPTK dan belum bersertifikat pendidik akan mendapat kesempatan mengikuti sertifikasi.
     Penjelasan terkait guru honorer sekolah negeri wajib mendapat SK dari pemerintah daerah terdapat dalam uraian pada komponen pembayaran guru sebagai berikut :
Pembayaran Honor:

  1. Guru honorer (hanya untuk memenuhi SPM).
  2. Tenaga administrasi (tenaga yang melaksanakan administrasi sekolah termasuk melakukan tugassebagai petugas pendataan Dapodik), termasuk tenaga administrasi BOS untuk SD.
  3. Pegawai perpustakaan.
  4. Penjaga sekolah.
  5. Petugas satpam.
  6. Petugas kebersihan.

Keterangan:

  1. Batas maksimum penggunaan dana BOS untuk membayar honor bulanan guru/tenaga kependidikan dan non kependidikan honorer di sekolah yang diselenggarakan oleh pemerintah daerah sebesar 15% (lima belas persen) dari total BOS yang diterima, sementara di sekolah yang diselenggarakan oleh masyarakat maksimal 50% (lima puluh persen) dari total BOS yang diterima;
  2. Guru memiliki kualifikasi akademik S-1/D-IV;
  3. Bukan merupakan guru yang baru direkrut setelah proses pengalihan kewenangan; dan
  4. Guru honor pada sekolah yang diselenggarakan oleh pemerintah daerah sebagaimana yang dimaksud dalam huruf a wajib mendapatkan penugasan dari pemerintah daerah dan disetujui oleh Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (kemendikbud) melalui Sekretaris Jenderal berdasarkan usulan dari dinas pendidikan provinsi dengan menyertakan daftar data guru hasil pengalihan kewenangan yang meliputi jumlah guru, nama guru, dan mata pelajaran yang diampu, dan sekolah yang menjadi satuan administrasi pangkalnya.

SELAMAT BAGI GURU HONORER DI SEKOLAH NEGERI.

Download Permendikbud No.008 Tahun 2017.






Senin, 30 Januari 2017

WULANGAN 7 BASA DERMAYU (bag.1)

KEGIATAN 1

Teng kegiatan 1 niki, mangga kerja aken tugas kang sampun di susun sareng kelompoke.

Kangge ngawiti pembelajaran saniki, bapa bade taken "Sinten kang weruh asal usul daerah kelahirane ??", mangga dicrita aken mareng kelompoke.


Crita 41 Ketek teng Buyut Banjar Bulak - Indramayu

Kaping kalie, "Sinten kang saged dongeng / crita genah ning sekitar umah ??". Kangge contoe bapa cuplik aken crita sing buku pegangan. 


Wacaen sing tliti!
Lemah Tamba

     Radén Walangsungsang iku putra Prabu Siliwangi lan Ratu Subang Larang, bli ngomong maning lunga ninggalaken Keraton Pejajaran. Tujuané luruh élmu uga péngén blajar syariat Islam. Sebeneré Prabu Siliwangi nglarang Radén Walangsungsang, tapi wis janji nyanggupi amanat ibuné sedurungé ninggal. Kraton Pejajaran gégér sebab Radén Walangsungsang lunga tanpa pepoyan.

     Lungané Radén Walangsungsang mangétan marani Gunung Merapi. Ning kono Radén Walangsungsang maguru ning Sang Danuwarsih. Radén Walangsungsang dipai ali-ali Ampal, sing akéh khasiyaté. Seterusé Radén Walangsungsang dinikahaken bari putriné Sang Danuwarsih sing ayu, arané Nyai Mas Ratu Endang Geulis. Kraton pejajaran gégér maning, sebab Nyai Mas Rarasantang adiné Radén Walangsungsang mélu lunga sing kraton, uga bli pepoyan.

     Lungané Nyai Mas Rarasantang tujuané nggulati kakangé. Sewisé adoh lelampahan rada kangélan lan suker. Nyai Mas Rarasantang ketemu kakang bari éstri kakangé ning padépokan sing ana ning léréng Gunung Merapi. Nyai mas Ratu Rarasantang bungah ketemu kakangé, rasa kangen lan énak blenake dicritakaken kabéh, sampé ketemu bari Nyai Endang ning Gunung Tangkuban Prau sing ngupai seperangkat klambi Sang Dewa Mulya, lan teka ning Gunung Liwung ketemu Ki Ajar Sakti, sing ngupai pituduh supaya nuju ning léréng Gunung Ciremai.

     Rada suwé Radén Walangsungsang kelawan éstri uga adiné ana ning lereng Gunung Merapi. Wong telu njaluk pamit ning Sang Danuwarsih kanggo nerusaken lelana bratané. Sang Wiku Danuwarsih ngidini lan dikongkon nuju ning Gunung Ciangkup. Ning kono, Radén Walangsungsang ketemu bari Sang Hyang Nanggo sing ngupai pusaka “Golok Cabang”. Radén Walangsungsang nerusaken lampahané ning Gunung Kumbang. Ning kono ketemu bari Sang Hyang Naga sing ngupai telung iji pusaka, yaiku:
1. Péci Waring, khasiyaté baka dienggo beli katon,
2. Batok Bolu, bisa kanggo ngatur makhluk alus,
3. Umbul Waring, supaya slamet sing fitnah musuh.

     Sang Hyang Naga ngupai pituduh supaya Radén Walangsungsang lunga ning Gunung Cangak nemoni Ratu Bango. Ratu Bango ngupai Pusaka Piring Panjang, pendil lan barang sejéné, uga naséhati baka pengen geguru ilmu sejati utawa syariat Islam, dikongkon ngadep Syéh Datul Kahfi utawa Syéh Nurjati ning peguron Gunung Jati.

     Radén Walangsungsang marani ning Peguron Gunung Jati. Ngrasa kesel lan perlu ngaso, sebab dalan sing diambah cukup adoh, pada lérén ning sor wiwitan gedé. Ning kono kelingan pesen lan nasihaté Sang Ibu. Pesené baka Nyai Mas Ratu Subang Larang kesel utawa ngalami lara, cukilen lemah bari Kujang Pusaka, baluraken ning awak sing ngrasa lara utawa pegel, Insya Allah rasa pegel lan lara bakal ilang, lan arep mancur banyu sing dicukil.

     Panggonané metuné banyu iku dadi sumur, sing sekiyen diarani “Sumur Karomat”. Wewengkon kuwén disebut “Pademangan Cikujang” Aran Cikujang dijukut sing tembung Ci bari Kujang, sing nduwéni arti ci sing tembung “cai” basa Sunda artiné banyu, Kujang yaiku pusaka utawa gaman sing dienggo Radén Walangsungsang. Pademangan Cikujang seterusé diganti arané dadi “Lemah Tamba”.

Lemah pada bari tanah, tamba pada bari obat. Dadi Lemah Tamba nduwéni arti lemah sing bisa kanggo nambani, sampé sekiyen.

Crita Rakyat Asal Usul Désa ning Kabupatén Cirebon.  



Mangga di diskusi aken, 
Kangge belajar teng griya   MONGGO DIUNDUH

 Upami sampun mangga dengeaken crita niki ..




Upami tugase sampun, mangga dilajeng kegiatan selajenge....      KEGIATAN 2






Minggu, 29 Januari 2017

WULANGAN 7 BASA DERMAYU (bag.2)

KEGIATAN 2

• Wacaen dongéng ning sor iki!


Dongéng Asal-usul Dermayu

Asal-usul aran Dermayu iku ana dongéngé.Asal-usulé duwé kaitan karo kedadén bengén ning pinggiran Bengawan Cimanuk. Waktu kuwen wong-wong durung akéh. Alas pinggiran bengawan Cimanuk masih sepi-nganyep.

Ning kono sebeneré lemahé katon subur-makmur. Dadi, mulai teka wong-wong. Lemah digarap kanggo nandur pirang-pirang tetanduran. Bener baé, asil tetanduran lumayan. Nyi Mas Éndang Dharma Ayu teka ning alas mau, dibaturi pembantuné loro, yaiku Ki Tana lan Ki Tani. Éndang Dharma Ayu iku wongé ayu, kulité putih-ngicis, uga duwéélmu ngolah sawah lan nenanduran. Pari cukul subur, palawija asilé bagus, woh-wohan uga bagus. Wong-wong pada genau ilmu tani ning Éndang Dharma Ayu. Seneng pisan Éndang Dharma Ayu nguruki wong-wong mau. Uga, nguruki genau pencak silat. Warga alas Cimanuk katon kompak lan guyub. Jagat krasa tentrem-ayem, asil tani katon tambah akéh.

Rupané, ana sing curiga ning Éndang Dharma Ayu. Serombongan wong sing Palémbang teka. Dipimpin Pangéran Guru lan padblikur anggotané, nantang Éndang Dharma Ayu. Rupané perang tanding beli bisa diinggati. Ning perang iku, Pangéran Guru lan anggotané mati kabéh.

Anané keributan iku gawé penasaran penguasa alas Cimanuk, yaiku Wiralodra lan kepapat adiné. Éndang Dharma Ayu dianggep salah, sebabé gawé keributan. Perang tanding mulai maning. Adi-adiné Wiralodra beli bisa ngalahaken Éndang Dharma Ayu, ahiré Wiralodra maju déwék.  


Tarungé Éndang Dharma Ayu karo Wiralodra rupané pada saktiné. Langka sing kalah, langka sing menang. Tapi, keloro-loroné uga duwé rasa tresna ning ati. Sampé ahiré, Éndang Dharma Ayu beli kuwat nglanjutaken perang tanding. Déwéké milih njebur ning Bengawan Cimanuk.
x
Wiralodra krungu ana suwara langka rupa. Suwarané jelas suwara Éndang Dharma Ayu, yén déwéké njaluk supaya alas Cimanuk iki digawé aran karo aran déwéké. Wiralodra langsung setuju. Awit kuwen, aran alas pinggir Bengawan Cimanuk diganti dadi Dharma Ayu. Suwé-suwé aran Dharma Ayu disebuté Dharmayu, terus dadi Dermayu.  


Kangge belajar teng griya   MONGGO DIUNDUH


 





• Jawaben pitakonan ning sor iki!

1. Ning pinggiran apa anané dongeng asal-usul aran Dermayu?
2. Sapa aran pembantu loro sing mbantu Nyi Éndang Dharma Ayu?
3. Ilmu apa sing diajaraken Nyi Éndang Dharma Ayu ning warga?
4. Sapa sing nantang Nyi Éndang Dharma Ayu, karo padblikur anggotané?
5. Asal-usul aran Dermayu iku sing arané sapa?


-------------------------------------------------------